Sabtu, 06 November 2021

Moderat Basa Jawa

Moderat Basa Jawa

Toto Endargo 

.

"Kadospundi, Pak. Moderat, niku basa Jawi?" 

"Kelingan, ya! Iya, basa Jawa!" 

"Crita Malih, Pak. Najan namung ngarang, kula simak mawon!" 

"Crita tegese 'moderat'?" 

"Nggih! Banyumasan, Pak!" 

"Njaluk! Prentah!" 

Hehe ... . 

Moderat sekang tembung "model", karo tembung "rata". Dadi "moderat" kuwe, mlebu golongane; "jarwa dhosok". Model tegese, padha karo; cara urip, wernaning polah, kelakuan. Terus angger rata, artine; sepadha-padha, maksud genahe, inyong-rika duwe nggon sing padha, duwe hak sing padha, rata. 

Prinsipe: Polahe inyong, polahe rika, jorna, padha-padha, aja ngganggu. Kuwe prinsipe wong moderat. Prinsip moderat ana neng ngendi bae, neng bidhang politik, agama, adat-istiadat, tekan neng keluarga ya ana. 

Paham moderat yaa bisa jengkel. Jengkel maring wong sing polahe ekstrim, maring sing polahe kebangeten. Dadi beda karo paham radikal. Paham radikal angger ora cocog, gampang jengkel, tapi angger wong moderat mung maklum thok. Sing penting aja ngganggu, polahe dhewek-dhewek, beda ora papa, padha-padha, aja padha ngganggu. Paham moderat kena dearani esih teyeng ngajeni karo polahe paham liya, asal ora ngganggu, asal ora kebangeten, asal ora ngrusak-ngrusak. Madan maen ya wong-wong moderat. . 

"Keluarga moderat, nggih saged ayem-tentrem, nggih Pak?" 

"Iya. Padha-padha maklume sie!" 

"Angger putrane angel, madan bodho, bapake nggih maklum!" 

"Ya, iya. Wong bapake, rumangsa, gemiyen lewih bodho, lewih angel maning!" 

"Hehe, angger ngaten niku, sing mesthi radikal, ibune, nggih Pak!" 

"Ndean!" . 

Muga-muga wis mandan paham ya, moderat kuwe sekang tembung: Mode-l Rat-a. Model rata. Tengerane, angger ana sikap utawa kelakuan sing sifate rata, ora njomplang, ora ngarah benere dhewek, prinsipe sepadha-padha, kuwe jenenge paham moderat. . 

 .

"Pak angger liberal kepriwe, Pak!" 

"Ko laa, senengane takon!" 

"Iya, Pak. Supaya inyong, dhong, maksude. Angger neng njaba, sokan padha ngomong liberal, liberal. Nyong bingung! Kepriwe, Pak?" 

"Lho, ko deneng, ora basa karo Pak Guru?" 

"Oh, nggih, ngapunten! Pak Guru, rengu napa mboten?" 

"Ya, ora. Mbok nyong wong moderat!" 

"Hehe.. Nanging rumiyin, kadhang radikal, kadhang moderat!" 

"Maksudmu?" 

"Dhong, taksih mucal. Radikal kaliyan lare jaler, moderat kaliyan lare estri!" 

"Maksudmu?" 

"Menawi lare jaler ingkang sekedhik lepat, dipun dukani. Nanging menawi lare estri sing jelas lepat, mboten dipun dukani!" 

"Ngawur! Kuwe mesti udu inyong!" 

"Oh, kula lepat nggih?!" 

"Kayane! Wis, ya!" 

"Nggih, maturnuwun" 

"Iya, padha-padha!" 

"Lho, Pak, liberale kapan?" 

"Kapan-kapan, angger kober!" 

"Lah...!" . 

Ngapunten Lagi kepengin crita 

Muga-muga ana manfaate. 

Nuwun .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar