Sabtu, 06 November 2021

Liberal Basa Jawa

Liberal Basa Jawa
Toto Endargo
 . 
"Kados pundi, Pak, sampun nyerat bab liberal?"
"Sing nganggo basa Jawa?" 
"Enggih" 
"Uwis! Anu ngarang thok. Arep maca?" 
"Nggih. Pokoke kula badhe nyimak!" 
"Ya. Maturnuwun, kersa maca!" 
Hehe .. 
Liberal kuwe, yaa padha karo wingi, golongane "jarwa dhosok". Liberal, sekang tembung Banyumasan: "LI BE-bas RA L-arangan". 
Tembung-tembung sing isine mung: mandan meksa, mandan maido: "Toli Bebas, Ora Larangan!". 
Tembung "toli": asli basa Banyumas, tegese padha karo, "kudune", "sebenere", tembung sing ngemu maksud, meksa. 
Tembung "bebas", tegese; "sekarepku", "sekarep-karepe". 
Tembung, "ora", duwe teges: "moh", "nolak". 
Tembung, "larangan", duwe teges padha karo; "de-ngel-ngel", "penggakan". 
Tembung, "Li bebas", karo tembung, "Ra larangan", jane padha, yakuwe maksude, polahe wegah depenggak, wegah de-ngel-ngel, wegah deluruhi, wegah delarang. 
Dadi paham liberal kuwe, paham sing kepengin bebas, polahe aja depenggak. Mung bae, paham liberal kuwe, esih ngerti etika maring negara, ora seneng angger negarane kacau. 
Senenge negara sing aman, tentrem, ekonomi maju. Sebab sebenere, paham liberal kuwe, utamane maring masalah ekonomi, kepengine numpuk dunya. 
Saben wong liberal kepingine duwe dunya brana sing akeh mblegedhu. Mulane paling ora seneng, angger ana undang-undang utawa peraturan sing bisa gawe ora lancare lakuning bisnis. 
Bos-bos sing sugih, bisa bae bareng-bareng, dengan senang hati, gawe ontran-ontran, demo, protes, kuwe angger ana peraturan, undang-undang, sing ora mbatheni, ora menguntungkan, ora nekakna cuan. 
Hehe .. 
Wislah, yaa. 
Dadi liberal kuwe cekakan sekang tembung: Toli Bebas Ora Larangan. "LI BE-bas RA L-arangan". Kepengin bebas, bebas mikir, bebas berpolitik, nanging sing utamane bebas neng masalah ekonomi, aja ngganggu masalah kepemilikan pribadi. 
Prinsipe, angger dengel-ngel, deganggu dunyane : Mayuh bareng-bareng padha protes. 
Kuwe sing jenenge Liberal. 
"Pak, menawi teng keluarga, sinten, Pak, sing nganut paham liberal" 
"Ya, ibu, ibu!" 
"Kok saged?" 
"La kae. Senengane numpuk harta neng kulkas. Malah kadang ana sing nganti lonyod, pete nganti kisut, tempe semangat nganti semangit, daging setahun esih wutuh nganti atos kaya watu" 
"Napa, nggih" 
"Iya. Angger deluruhi jengkel. Protes. Apa-apa desunteki neng waja!" 
 "Napa, nggih" 
"Genah! Lenga desuntek, brambang, bawang, lombok, uyah, gula, kadang kangkung, kabeh desuntek, malah sok desiram banyu mbarang!" 
"Nah, niku sie, ibune lagi masak!" 
"Oh masak ya!" 
Hehe .. 
"Pak oligarki, sie napa?" 
"Aja takon inyong!" 
"Taken sinten?" 
"Bakul oli. Takon; oli rega siki!" 
"Ampun guyon, Pak, serius?" 
"Hehe .., takon bae!" 
"Nggihlah. Maturnuwun, Pak Guru!" 
"Ya" 
Ngapunten Lagi kepengin crita. 
Muga-muga ana manfaate. 
Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar