Sabtu, 10 November 2012

DOM PANAS SUMURUP ING BANYU

Dom Panas Sumurup ing Banyu

Toto Endargo
   
Bareng aku maca karyane Suparto Brata “Dom Sumurup ing Banyu” aku mlenggong. Ora mung umyeg undering crita nanging uga nggregetake amarga ana dom sing rada panas melu sumurup ing njerone. Novel utawa crita landung weton tahun 1971-1972 iki jebul ana perangan kang nyenggol bab “panas” ngono.
   Saktemene Dom Sumurup Ing Banyu iku crita spionase jaman perang nglawan penjajah Walanda, dek sasi Agustus 1948, nalikane pemerintah NICA lagi adreng-adrenge arep ngringkus babar pisan Ibu Kota Republik Indonesia kang wektu iku ing Jokjakarta.
   Crita paraga Herlambang, mata-matane Walanda sing kajibah nlusup menyang tlatah Indonesia liwat garis demarkasi Mojokerto.
Herlambang kang nduwe kasudibyan netrane kadya camera foto, bisa njupuk gambar lan ngeling-eling kahanan kang kajinggleng. Ing pikirane kadya cumithak gambar utawa foto kahanan kang kapeleng.

Kamis, 01 November 2012

Gendhing Ibu Pertiwi



IBU PERTIWI
Ki NartoSabdo

Ibu Pertiwi,
Paring boga lan sandhang kang murakabi,
Peparing rejeki manungsa kang bekti,
Ibu Pertiwi, Ibu Pertiwi,
Sih sutresna mring sesami,
Ibu Pertiwi, kang adil luhuring budi,
Ayo sungkem mring Ibu Pertiwi