Sabtu, 26 Juni 2021

Radikal Basa Jawa

Radikal Basa Jawa
.
"Pak, napa leres, radikal niku basa Jawi?"
"Ya ..., basa Jawa. Kenangapa takon?"
"Dereng dhong, tegese!"
"Ya, ora papa. Pengin ngerti?"
"Nggih!"
.
Radikal iku saka tembung "radi" lan "kalap". Radi utawa rada tegese: mandan utawa setengah. Kalap tegese padha karo: wuru, mabuk, jengkel ora karuwan, polah sing geseh karo aturaning bebrayan.
Dadi tengerane wong sing nganut paham radikal, iku, asring rada kalap yen nemu barang sing ora padha karo pahame. Rada jengkel ora karuwan, malah bisa ngamuk lan ngrusak apa bae, marga ana bab sing manut wulangane, manut karo sing wis ditampa, bab iku ora slaras karo keyakinane. Keyakinane iku bisa ing babagan politik, agama, adat-istiadat, apadene pranatan liyane kang tumprape banget diugemi benere.
Paugerane: "Pokoke nek aku ora seneng, kowe aja wani-wani nglakoni!"
Dadi nek ana paraga sing polah setengah ngamuk-ngamuk, rada kalap, isine pengin ngrerusak, marga rasa gething, merga ora seneng, iku bisa kalebu ing kahanan paham radikal.
.
"Oh, ngaten!"
"Iya!"
"Maturnuwun, Pak!"
"Kuwe jenenge, 'kerata basa'!"
"Sami kaliyan 'jarwa dhosok'!"
"Deneng, ngerti?"
"Nggih, ngertos! Radikal, saking tembung; RADI KALap. Niku ngarang, nggih, Pak?"
"Iya"
"Menawi moderat?"
"Ya. Basa Jawa!"
"Tegese napa, Pak?"
"Mbuhlah, ngesuk angger koberr!"
"Lho ...?"
Hehe ...
.
Ngapunten
Lagi kepengin crita.
Muga-muga ana manfaate.
Nuwun
.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar