WANGSULANING WANGSALAN
toto endargo
Wangsalan punika salah satunggaling werni budhaya sastra Jawi. Sastra Jawi sampun katelah adi luhungipun. Wangsalan karipta mawi paugeran ingkang mirunggan. Pangripta wangsalan kedah priksa thek-kliwering tembung kanti pana. Kejawi satiti ing kawruh basa ugi kedah priksa ing kawruh sabarang.
Wangsalan kaanggit arupi ukara-ukara cangkriman ingkang kedah pikantuk wangsulan. Mila ukara ngajeng mawi pocapan ingkang ngandut ukara siningit. Pocapan siningit punika lajeng kawedar lan kangge lajering tembung wangsulan. Wigatining isi wangsalan arupi jarwan, utawi wangsulan, ingkang wonten ing ukara candhakipun.
Wangsalan umumipun ngandhut pitutur lan panjurung utamaning ngagesang ing bebrayan.
Mangga!
Ing ngandhap punika kula aturaken rupi wangsalan ingkang kula pendhet saking buku Tuntunan Sindhenan Ladrang, dening Nyi Supadmi, Penerbit dan Percetakan Cendrawasih, Surakarta, Tahun 1992, regi buku kala semanten namung Rp. 3.500,-
Amargi Nyi Supadmi punika jejeripun sindhen, mila wangsalan punika mesthi sampun sumambrah kapiyarsa dening bebrayan agung, mliginipun ing gendhing Jawi saha para pandhemen budhaya Jawi.
Nyuwun ngapunten, kangge nambahi kawruh, saderengipun nyerat wangsalan, kula serat kala rumiyin lajering ukara, tegesing ukara, inggih punika ukara utawi pocapan ingkang siningit lan dados paugeran pratelaning wangsalan.
Pangajeng-ajeng kula, mugi sedaya pamaos kersa paring pangaksama bilih atur kula punika wonten ingkang geseh ing pamanggih, geseh anggen kula njarwani, geseh anggen kula negesi, saha bilih wonten mboten trepipun kaliyan kasunyatan.
Wasana mugia sami kersa paring panyaruwe supados seratan kula punika saged trep, sae, leres lan saged migunani kangge bebrayan.
==
Wohing aren --- = kolang-kaLING
Rukmi jingga --- = sWASA
.
Wohing aren, rukmi jingga saupama
Dipun e-LING ya mung Gusti Kang Ku-WASA
===
Jenang sela --- = APU
Sekul binuntel ron klapa --- = kuPAT
.
Jenang sela, sekul binuntel ron klapa
Apuranta, lepat ing sasama nira
===
Sena yoga --- = antareJA
Wanita garwa bethara --- = bethARI
.
Sena yoga, wanita garwa bethara
Sing prasaja dimen lestari widada
===
Jarwa nendra --- = turu
Pusakane dyan arjuna --- = Keris Pulanggeni
.
Jarwa nendra, pusakane dyan Arjuna
Nenirua, piwulang mamrih utama
===
Ri Anggara --- = selasa
Gamelan tinabuh asta --- = kendhang
.
Ri anggara, gamelan tinabuh asta
Nelangsa yen pinuju anyandhang coba
===
Barat sirat --- = lisus
Pasewakan jro nayaka --- = Bangsal Sri Manganti
.
Barat sirat, pasewakan jro nayaka
Wus kapusus ing driya manganti sira
===
Ujung jari --- = kuku
Balung rondhon ing kalapa --- = sada
.
Ujung jari, balung rondhon ing kalapa
Kawengkua, sayekti dadya usada
===
Teja tirta --- = kuwung
Atmajane nata Rahwana --- = Raden Indrajid
.
Teja tirta, atmaja nata Rahwana
Kekuwunge karya rujiding wardaya
===
Wanara gung --- = uwa-uwa
Maesa kang asingat madya --- = sapi
.
Wanara gung, maesa kang asingat madya
Den kawawa, yen lagya anampi coba
===
Sekar pisang --- = tuntut
Pisang sesajining karya --- = pisang pulut
.
Sekar pisang, pisang sesajining karya
Patut lamun linulutan mring sesama
===
Garwa nata --- = putri
Nata agung ing Cempala --- = Drupada
.
Garwa nata, nata agung ing Cempala
Sari ratri, kudu eling lan waspada
===
Ancur sotya --- = dhasar
Sorene ing ari budha --- = respati
.
Ancur sotya, sorene ing ari budha
Dhasar endah, respati ing warnanira
===
Jarwa mudha --- = anom
Mudhane sang Prabu Kresna --- = Narayana
.
Jarwa mudha, mudhane Sang Prabu Kresna
Mumpung anom, ngudi saranane praja
===
Jarwa tirta --- = banyu
Tirta wijil ing akasa --- = udan
.
Jarwa tirta, tirta wijil ing akasa
Nyenyuwuna, mrih kasembadaning sedya
===
Mendhung seta --- = mega
Sutane nata Pandhawa --- = Pancawala
.
Mendhung seta, sutane nata Pandhawa
Muga-muga, datan swala ing sakarsa
===
Kawi sekar --- = puspita
Sekar pepunden Sri Kresna --- = Wijayakusuma
.
Kawi sekar, sekar pepunden Sri Kresna
Lir puspita, warnane kusumeng pura
===
Sindu raga --- = kringet
Raga kang tanpa daya --- = sukma
.
Sindu raga, ragane kang tanpa daya
Dipun enget, ywa supe bekti mring sukma
===
Rukmi jingga --- = sWASA
.
Wohing aren, rukmi jingga saupama
Dipun e-LING ya mung Gusti Kang Ku-WASA
===
Jenang sela --- = APU
Sekul binuntel ron klapa --- = kuPAT
.
Jenang sela, sekul binuntel ron klapa
Apuranta, lepat ing sasama nira
===
Sena yoga --- = antareJA
Wanita garwa bethara --- = bethARI
.
Sena yoga, wanita garwa bethara
Sing prasaja dimen lestari widada
===
Jarwa nendra --- = turu
Pusakane dyan arjuna --- = Keris Pulanggeni
.
Jarwa nendra, pusakane dyan Arjuna
Nenirua, piwulang mamrih utama
===
Ri Anggara --- = selasa
Gamelan tinabuh asta --- = kendhang
.
Ri anggara, gamelan tinabuh asta
Nelangsa yen pinuju anyandhang coba
===
Barat sirat --- = lisus
Pasewakan jro nayaka --- = Bangsal Sri Manganti
.
Barat sirat, pasewakan jro nayaka
Wus kapusus ing driya manganti sira
===
Ujung jari --- = kuku
Balung rondhon ing kalapa --- = sada
.
Ujung jari, balung rondhon ing kalapa
Kawengkua, sayekti dadya usada
===
Teja tirta --- = kuwung
Atmajane nata Rahwana --- = Raden Indrajid
.
Teja tirta, atmaja nata Rahwana
Kekuwunge karya rujiding wardaya
===
Wanara gung --- = uwa-uwa
Maesa kang asingat madya --- = sapi
.
Wanara gung, maesa kang asingat madya
Den kawawa, yen lagya anampi coba
===
Sekar pisang --- = tuntut
Pisang sesajining karya --- = pisang pulut
.
Sekar pisang, pisang sesajining karya
Patut lamun linulutan mring sesama
===
Garwa nata --- = putri
Nata agung ing Cempala --- = Drupada
.
Garwa nata, nata agung ing Cempala
Sari ratri, kudu eling lan waspada
===
Ancur sotya --- = dhasar
Sorene ing ari budha --- = respati
.
Ancur sotya, sorene ing ari budha
Dhasar endah, respati ing warnanira
===
Jarwa mudha --- = anom
Mudhane sang Prabu Kresna --- = Narayana
.
Jarwa mudha, mudhane Sang Prabu Kresna
Mumpung anom, ngudi saranane praja
===
Jarwa tirta --- = banyu
Tirta wijil ing akasa --- = udan
.
Jarwa tirta, tirta wijil ing akasa
Nyenyuwuna, mrih kasembadaning sedya
===
Mendhung seta --- = mega
Sutane nata Pandhawa --- = Pancawala
.
Mendhung seta, sutane nata Pandhawa
Muga-muga, datan swala ing sakarsa
===
Kawi sekar --- = puspita
Sekar pepunden Sri Kresna --- = Wijayakusuma
.
Kawi sekar, sekar pepunden Sri Kresna
Lir puspita, warnane kusumeng pura
===
Sindu raga --- = kringet
Raga kang tanpa daya --- = sukma
.
Sindu raga, ragane kang tanpa daya
Dipun enget, ywa supe bekti mring sukma
===
Jarweng janma --- = wong
Janma kang koncatan jiwa --- = mati
.
Jarweng janma, janma kang koncatan jiwa
Wong pawira, mati alabuh negara
===
Jarwa wreksa --- = kayu
Wreksa lajering kang wisma --- = saka
.
Jarwa wreksa, wreksa lajering kang wisma
Rahayua, dadi pusakaning praja
===
Bibis tasik --- = undur-undur
Taksaka kang mawa pada --- = baya
.
Bibis tasik, taksaka kang mawa pada
Aywa mundur, kapengkoking panca baya
===
Peksi pita --- = pudhang
Sudarma Hyang Giri Nata --- = Sanghyang Tunggal
.
Peksi pita, sudarma Hyang Giri Nata
Sun cecadhang, manungaling bangsa kita
===
Kawi lima --- = panca
Putra priya dhahyang Durna --- = Aswatama
.
Kawi lima, putra dhahyang Durna
Pancasila, dhasaring negeri utama
===
Nata dewa --- = Bathara Guru
Prajurit nata pangarsa --- = tamtama
.
Nata dewa, prajurit nata pangarsa
Nggegurua marang jalma kang utama
===
Jarwa nendra --- = turu
Narendra yaksa Ngalengka --- = Rahwana
.
Jarwa nendra, narendra yaksa Ngalengka
Rukun tresna, dadi srana njunjung praja
===
Janma kang koncatan jiwa --- = mati
.
Jarweng janma, janma kang koncatan jiwa
Wong pawira, mati alabuh negara
===
Jarwa wreksa --- = kayu
Wreksa lajering kang wisma --- = saka
.
Jarwa wreksa, wreksa lajering kang wisma
Rahayua, dadi pusakaning praja
===
Bibis tasik --- = undur-undur
Taksaka kang mawa pada --- = baya
.
Bibis tasik, taksaka kang mawa pada
Aywa mundur, kapengkoking panca baya
===
Peksi pita --- = pudhang
Sudarma Hyang Giri Nata --- = Sanghyang Tunggal
.
Peksi pita, sudarma Hyang Giri Nata
Sun cecadhang, manungaling bangsa kita
===
Kawi lima --- = panca
Putra priya dhahyang Durna --- = Aswatama
.
Kawi lima, putra dhahyang Durna
Pancasila, dhasaring negeri utama
===
Nata dewa --- = Bathara Guru
Prajurit nata pangarsa --- = tamtama
.
Nata dewa, prajurit nata pangarsa
Nggegurua marang jalma kang utama
===
Jarwa nendra --- = turu
Narendra yaksa Ngalengka --- = Rahwana
.
Jarwa nendra, narendra yaksa Ngalengka
Rukun tresna, dadi srana njunjung praja
===
Parabe sang mara bangun --- = Priyambada
Sepat domba kali Oya --- = grameh
.
Parabe Sang Mara Bangun
Sepat domba kali Oya
Aja dolan lan wong priya
Gerameh nora prasaja
===
Sepat domba kali Oya --- = grameh
.
Parabe Sang Mara Bangun
Sepat domba kali Oya
Aja dolan lan wong priya
Gerameh nora prasaja
===
Purbalingga, 21 Desember 2020
.
.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar