Rabu, 01 April 2020

CAKEPAN GARA-GARA WAYANG KULIT


CAKEPAN GARA-GARA WAYANG KULIT
Toto Endargo


Sangsaya dalu,
Raras ambyor lintang kumedhap
Iki dunya tengah wengi,
Terang gandaning puspita,
Karengganing pujanira.
Sang dwijawara mbrengengeng,
Lir swaraning madu branta,
Manungsung sarining kembang
---

Dhedhep tidhem prabawaning ratri
Sasadara wus manjer kawuryan
Tan kuciwa memanise
Menggep sri nateng ndalu
Siniwaka sanggya pra dhasih
Anglar neng cakrawala
Winulat ngelangut
Prandene maksa kabegan
Saking kehing taranggana kang sumiwi
Warata tanpa sela
---
Eka bumi, dwi sawah, tri gunung,
Catur samudra, panca taru, sad pangonan,
Sapta pandhita, hasta tawang, nawa dewa, dasa ratu
---

Gara-gara.....
Gara-gara dumadi, ngrusak jagad,
Bumi katingal miring, samudra kocak.
Kumocaking samudra gawe kesrakat maring buron toya.
Sanggon-sanggon sami panas, mboten pikantuk panonoban.


Hardaning gara-gara gawe rusaking tegal pekarangan.
Tanem tuwuh nggagrag mboten pikantuk ilining toya.
Sawah-sawah sami anela, dadi pandhelikaning gegremetan mawa wisa.
Jalma, pendhita, ratu sami nandhang sungkawa.
Dewa ingkang datan kena lara ing pepati, nandhang susah.
Pendhita tan bangkit, memuja agung, kena pangrencana,
Manjing praja nyuwun pitulunganing ratu.
Ratu piyambak nandhang sungkawa,
Negarane ketrajang pageblug,
Larang sandhang, tuwin larang pangan.


Gara-gara sumundhul mring Suralaya,
Gawe gunjinging Bale Marcukundha Manik,
Rengat sungune Lembu Andini,
Jebol kori Sela Matangkep,
Menceng wot Si Ogal-Agil,
Kawah Candradimuka mbludag ndut Si Mblegedhaba.
Ana lindu sedina kaping pitu, bumi mbledhag,
Gunung bledhug, nyembur awu ngebaki jagad.
Surya candra ilang sorote, kartika sami ambrol.
Peteng dhedhet lelimengan, pindha bangun kasaputing lebu.
Widadara-widadari sami ngungsi neng ngarsane Hiwang Hodipati.


Sidheming gara-gara jumedhuling lare bajang sakembaran.
Siji nggawa bathok bolu, sanggupe nawoni segara kang lagi surud.
Ingkang sajuga nggawa sada lanang saler, sanggupe nyaponi jagad.
Kekalih pinanggih wontening margi catur dendha.
Ing ngriku sami rebut biada.


Ilanging gara-gara wonten teja nglais sundhuling awiyat,
Gumebyar madhangi jagad,
Sanes tejaning gegodhongan,
Sanes tejaning sato galak,
Tejaning jalma manungsa Panakawaning Pandhawa,
Yaiku ingkang jeneng Semar,
Ya jeneng Nayantaka,
Bugagati,
Bugasampir,
Ya Ki Duda Nanang-nunung,
Ya jeneng Ki Jejanggan Asmarasanta.


Jeneng Jejanggan Asmarasanta
Senajan ta Ki Semar kang ala tanpa rupa,
Sudra papa, ora pakra.
Parandene dados pitakonananing jalma
Kang padha sengsem mring kautaman.
Sayekti Ismaya panjalmaning dewa,
Mila bisa ginantha sarana gantaning lair


Jeneng Duda Nanang-nunung
kawastanan priya ndarbe prambayun,
kawastanan wanita nduwe kuncung.
Ewuh aya anggenipun, kula badhe amastani
Semar iku jaler apa estri.
Jeneng Bugagati, buga iku pangan, gati iku lintang.
Bebasan, arepa ngulu lintang, ngulu rembulan,
Ki Semar ora ana kang ngaru biru.


Jeneng Semar tegese
Manungsa kang dhatan samar mring salir ing reh.
Jeneng Nayantaka,
Naya iku ulat.
Kantaka iku pati.
Yen disawang, Ki Semar kados jalma kang wis sirna.
Senajan mangkono, pantes kinarya pralampitaning menungsa
Kang mati saka kersaning slira pribadi.
Amungguh iku karaharjaning jagad.


---
Blater, 31 Maret 2020 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar