KEMBANG KACANG
Waljinah
Sebuah lagu yang bertabur parikan dan wangsalan
Lagu ini dinyanyikan oleh penyanyi wanita
tapi liriknya menampilkan
kekaguman seorang pria terhadap seorang wanita
Seberapa jauh hubungan lirik bawa dengan lirik tembang
kita cermati bersama!
Bawa:
Aja turu sore kaki,
Ana dewa langlang jagat, nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak, sandang klawan pangan
Yaiku bagiyanipun wong melek sabar narima
Dawah gendhing Sekar Kacang!
Ora butuh apa-apa,
Butuhku, butuhku, sabar-sabar narima
Kunir pita, sega golong mungging baya
Gonas, gones, wicarane
Yen ketemu, yen ketemu, sun sungsumke pitung dina
kembang mlati, yo mas, dironce-ronce, bapak
kembang mlati, yo mas, dironce-ronce, bapak
Kene setengah mati, sing kana ra
piye-piye
Petis manis, sarining kaca benggala
Eman, eman, terus ngapa
Aja ngucap, bapak, bapak, aja ngucap
Lali-lali datan bisa lali, lawas saya
katon
Umpamakna wit-witan kang gedhe
Tinutuhi datan bisa mati
Mrajak semi ndadi tresna gung
ngrembuyung
Pangling wonge, nora pangling
Nora pangling, nora pangling suwarane
Andheng-andheng yo mas, parene welut, bapak
Pejah gesang, pejah gesang, kula,
kula nggih nunut
Roning kamal, putrane Pendhita Durna
Kowe, kowe, kowe sing marahi
Mumpung anom, mumpung anom, ngudiyo
kawruh utama
Tirtonadi yo mas, kulon Nggilingan,
bapak
Dilali-lali, dilali-lali, meksa,
meksa kelingan
Jenang beras, bumbune rak gula jawa
Janjine, janjine sing padha rukun
Dereng marem, dereng marem, nggen tutur
kartika
Rujak nanas yo mas, rujak kuweni,
bapak
Tiwas digagas, tiwas digagas, ana
sing nduweni
Jenang sela, wader kali sasonderan
Kowe, kowe sing marahi
Apuranta, apuranta yen wonten lepat
kawula
Tidak ada komentar:
Posting Komentar