Sabtu, 10 November 2012

DOM PANAS SUMURUP ING BANYU

Dom Panas Sumurup ing Banyu

Toto Endargo
   
Bareng aku maca karyane Suparto Brata “Dom Sumurup ing Banyu” aku mlenggong. Ora mung umyeg undering crita nanging uga nggregetake amarga ana dom sing rada panas melu sumurup ing njerone. Novel utawa crita landung weton tahun 1971-1972 iki jebul ana perangan kang nyenggol bab “panas” ngono.
   Saktemene Dom Sumurup Ing Banyu iku crita spionase jaman perang nglawan penjajah Walanda, dek sasi Agustus 1948, nalikane pemerintah NICA lagi adreng-adrenge arep ngringkus babar pisan Ibu Kota Republik Indonesia kang wektu iku ing Jokjakarta.
   Crita paraga Herlambang, mata-matane Walanda sing kajibah nlusup menyang tlatah Indonesia liwat garis demarkasi Mojokerto.
Herlambang kang nduwe kasudibyan netrane kadya camera foto, bisa njupuk gambar lan ngeling-eling kahanan kang kajinggleng. Ing pikirane kadya cumithak gambar utawa foto kahanan kang kapeleng.



Coba disimak!
1.
Sing nyekel pistul mau wong wadon, jenenge Ngestireni. Mripate bunder, irunge ngrungih, dhadhane sentik-sentik. Rambute ireng dikapsel. Kulite wong ayu ing njero jip kuwi sawo mateng. Ora bule. Nganggo rok kembang. Pawakane weweg, lengene gilig, dhadhane mbrenjul. Isih enom. Kira-kira durung nganti rong puluh tahun.

Ngono ujare Suparto Brata ngalem Ngestireni. Lha rak, mincutake tenan!


2.
Ana ing swasana kang sepi marga jam sanga bengi ing tengahing ara-ara.
“Kowe kok kasar timen, ta!” ujare Ngestireni nalika Herlambang ngrebut jam tangan ing ugel-ugele. Dibethot terus dibuwang.
“Kabeh barang-barang Landa, kudu ora kena tumempel ing awake dhewe!”
“Kabeh wis tak buwang!”
“Aku ora percaya! Kotangmu! Bustehouder-mu! Kene! Bukaken!”
“Hus, Edan apa?!”
“Bukak! Uga onderbroekmu! Kathok njero!”
“Emoh!”
Herlambang wong praktis, ora tau kesuwen. Ngestireni digrayang, bangga, gagean arep njranthal mlayu! Ditubruk, dikruket bangkekane, gemlundhung ing alang-alang. Ngestireni njerit sakayange. Age-age didikep dening Herlambang. Tangan kiwa ndikep tutuk, tangan tengen nggrayangi payudarane wong wadon kancane kuwi. Ngestireni polah ora karuwan trajange, nanging tangan kang prakosa kuwi tetep wae menang kuwat, ora kena dicegah babar pisan. Klambi kebak tinggi sing mentas dienggo cepetan diuculi benike, mbedeh. Kotang anyar tukon Toko Piet

Surabaya dicengkerem, terus disendhal kasaran, pedhot, ucul saka payudarane. Kejodheran nutupi payudarane, Ngestireni rumangsa muspra bangga nyegah kekarepane Herlambang. Nanging meksa nyoba brontak, ngerahake kekuwatan sisa-sisane. Kekuwatan jasmani sing wis kari sisa, direnggani kekarepan liya sing nggrangsang nafsune. Apa maneh Herlambang ora mandheg mung semono. Tangan sing mbebasake payudara nggrayangi mangisor, wis genah tumandang sing diomongake mau. Apa maneh Herlambang uga saya brutal ora wegah-wegih anggone arep ngalahake kekuwatane mungsuhe, nggulet tangan kang srawean sarana ngeculake tangan kiwa sing mbungkem tutuk.
Tutuke bebas, Ngesti terus jerit-jerit, “Athoo! Edan kowe ya! Wong lanang kurang ajar! Manungsa ora duwe prikamanungsan! Athoo! Kowe ki wong apa, ta?! Pengkhianat! Wong julig, isane dodol bangsane! Ngalih kowe, ngaaaliiih! Hep! Hep!”
Ngerti Ngestireni anggone ngetog sarosane nganggo apa wae, nganggo jerit-jerit barang, Herlambang saya brangasan anggone enggal ngrampungi perkara kuwi. Ambleg! Tumindak brangasan, Ngestireni terus wae ditindhihi awake, lan tutuk sing jerit-jerit kuwi dibungkem nganggo tutuk uga. Awake sing wadon kari kruget-kruget, suwarane meneng, glagep-glagep. Sing lanang menang, gagean ngrampungake tugas pungkasan, ngloroti onderbroek.
Ngestireni sumyur kekuwatane. Ambyar. Ora ana maneh sing kudu dilabuhi.
“Meneng, kowe, wong edan!” ucape Herlambang sereng. Bisik-bisik!
Ngestireni ora ngglawat. Mung ambegane ngangsa sentik-sentik. Pasrah! Pasrah apa sak karepe sing kuwasa! Sing nguwasani dheweke! Muncul kekuwatan. Nanging ya mung bisa kruget-kruget, wong mung kekuwatan sisa-sisa, obahe wong pasrah, dudu kekuwatane wong brontak.

Hemmm, piye! Ora mung Dom Sumurup Ing Banyu nanging uga Dom Panas Sumurup Ing Ara-ara, ta!  

3. 
Sawise sawetara wong kruntelan ing alang-alang tengah sawah apayon langit ambyor lintang. Loro-lorone wis padha ora akeh tingkahe. Sing ketindhihan kentekan daya, sing nindhihi rumangsa menang!
“Nanging, nanging caramu grayangan kaya ngene iki dudu carane kanca ngajak memba-memba!” kandane Ngestireni.
“La apa?” Herlambang takon karo arep ngguyu.
“Setan! Setan belang!”
“Setan lanang! La ya wong cagak kembenmu mentheke ngene..!”
“Dasar gendheng! Her! Her! Edan kowe ki! Mbok aja ..! Wis! Wis!”

Wooi, iki maksude yen Herlambang nggrathil maneh!  

4. 
“Kowe ya peri prayangan ngono! Ora mung mbeda, nanging ngajak ngono.”
“Aku? Aku ngajak? Aja sembrana kowe!”
“La mau, sawise kowe pasrah ora nglawat maneh, ambeganmu sentik-sentik, awakmu kruget-kruget ngajak ngono.”

Iki mbok menawa teorine Suparto Brata, bahasa tubuh! Yen wong wadon ambegane sentik-sentik, awake kruget-kruget, tegese ngajak ngono. 

5. 
“Mangga kersa. Reni, bareng kapsel rambutmu wudhar, rambutmu ketel tenan, ya? Kapselmu dudu rambut palsu. Gemrayang ing tanganku, jantungku ser-seran.”
“Pancen aku wong ayu, kok. Rambutku ya ketel! Kowi sir, ya?” guneme Reni ngajak gojeg.
Apa bener, kanggone wong lanang yen nggrayang rambut dawa lan ketel, bisa gawe jantung ser-seran?

6.
Ana ribut-ribut nalika Ngesti dipriksa. Dheweke mbukak lawang lan kandha marang Herlambang, “Mas! Dhoktere arep mriksa lakangku! Edan apa!” Herlambang nginguk manjero, mandeng Dhokter Sambudi. “Apa perlu ditliti tekan semono?”
Sambudi mlengeh, untune katon rangah-rangah. Ngestireni muring-muring tenan. Lawang senthong ditutup banter, jedher! Persis nang ngarep irunge Herlambang.

Kosok balen, ta? Sing dipriksa, putri, muring-muring marga sing mriksa kakaung! Nanging sing mriksa, kakung, mlengeh, kesenengen ayake! 

7. 
“Paedahe isinku ora jamak, dak kandhani!”
“Alah, ngono wae kok. Wong sing mriksa ya dhokter, sing wis disumpah ora kena nyritakake wewadine pasiene. Hm-hhm!” karo dhehem-dhehem mlengeh.
“Gundhulmu kuwi! Isinku banget iku marga aku ora nganggo kathok njero, dak kandhani! Genah kathok nylonku kok sebrot neng kana mau bengi. Kok buwang ora oleh dak enggo maneh!”

Wooo, tibake yen wanita ora nganggo kathok njero, isin banget, ta!

8.
Busyet, ing ngandap niki teorine Suparto Brata, mawi paraga Ngestireni. Bilih nedha pete, najan kala turas mambet nanging yen dipun engge ditanggung ecaaa…! Pitados mboten?


“Oo! Ambumu …!”
“Enggih, kok, pancene! Hi-hi-hik, niki napa nedha pete! Niki mangke teng uyuh nggih mambet ngeten niki, ning keset yen diengge, Mas! Tanggung ecaaa…!”
“Wis-wis, wis! Budhalna prahotomu, Bung Sopir! Ngonokan mambu pete ditawak-tawake! Gak main!”
“Empun ta, niki, Bung? Tabik! Heh! Merdeka, Bung!” sambute Pak Sopir.
Sing mangan pete nyaut, “Merdeka, tetep! Ada Nica, tangkep! Ada prawan, kekep! Ada saya, ngrungkep!”

Kanggone sing durung maca crita Dom Sumurup ing Banyu, mangga madosi buku lawas niki! Critane Herlambang kang umyeg dadi detektip perang, nanging uga umyeg ngurusi Ngestireni! Nganti dadi Dom Panas Sumurup ing Banyu.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar