Jumat, 29 November 2013

DHANDHANGGULA – DHEDHEP TIDHEM

Dhandhanggula – Dhedhep Tidhem
Saking Ki Sugino Siswocarito

Dhedhep tidhem prabawaning ratri
Sasadara wus manjer kawuryan
Tan kuciwa memanise
Menggep srinateng ndalu
Siniwaka sanggya pra dhasih
Angglar neng cakrawala
Winulat ngelangut
Prandene paksa kebegan
Saking kehing taranggana kang sumiwi
Warata tanpa sela


Terjemahan bebas:
Sunyi senyap karena pengaruh malam
Rembulan sudah tampak berpendar
Tidak mengecewakan keelokannya
Bagaikan sang raja malam
Hadir di hadapannya seluruh para kawula
Tergelar di cakrawala
Terlihat menerawang jauh
Namun demikian masih terasa sesak
Sebab banyaknya bintang yang menghadap
Merata rapat tiada berjarak

Klik dumugi datheng : Dhandhanggula - Dhedhep Tidhem

Rabu, 27 November 2013

GENDHING WITING KLAPA

Gendhing dan Catatan

Gendhing Witing Klapa
Saking Ringgit: Ki Sugino Siswocarito


Witing klapa jawata ing ngarcapadha
Salugune wong wanita
Dasar nyata kula sampun njajah praja
Ing Ngayogya - Surakarta

Sekar kawis, cinawis sekar melati
Dasar manis merak ati
Aduh Gusti sun rewangi pati geni
Pitung dina, pitung bengi